Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

LIRIK SYI`IR TANPO WATON ,KYAI ABDURRAHMAN WAHID

JUDUL TULISAN;SYI`IR TANPO WATON

di populerkan oleh ;kyai abdurrahman wahid

KYAI ABDURRAHMAN WAHID
 sumber gambar ; liputan6

Ngawiti insun nglaras syi`iran...
Kelawan muji marang pengeran...
kang pareng rahmat lan kawelasan ..
Rino wengine tanpo pitungan 2...

Duh bolo konco prio wanito...
Ojo mung ngji syariat bloko...
gorpinter dongen nulis lan moco...
tembe burine bakal sengsoro2...

Akeh kang apal qur`an hadise...
Seneng ngafirke marang liyane...
Kafire dewe gak digatekke...
yen iseh kotor ati akalee2...


gampang kabujuk ,nafsu angkoro...
engpepaese gebyare dunyo...
iri lan meri sugihe tonggo...
mulo atine peteng lan nesto2..

ayo sedulur jo nglaleake...
wajibe ngaji sak pranatane...
nggo ngandelake iman taukite...
baguse sangu mulyo matine2...

kang aran sholeh bagus atine...
kerono mapan sari ngilmune...
laku thoriqot lan ma`arifate...
ugo haqeqot manjing rasane2...

AL-QUR`AN qodim wahyu minulyo...
tanpo tii nulis iso di woco ...
iku wejangan guru was kito...
den tancepake ing njero dodo2...

kumantil ati lan pikiran..
mrasuk ing badan kabeh jeroan...
mukjizat rosul dadi pedoman...
minongko dalan manjinge iman2...

kelawan ALLOH kang moho suci...
kudu rangkulan rino lan wengi...
di tirakati lan di riyadlohi...
zikir lan suluk jo nganti lali2...

uripe ayem rumongso aman...
dununge roso tondo yen iman...
sabar narimo najan pas pasan...
kabeh tinakdir saking pangeran2...

kelawan konco dulur lan tonggo...
kang podo rukun ojo gae sio...
iku sunahe rosul kang mukyo....
nabi MUHAMMAD panutan kito2...

ayo nglakoni sekabehane...
ALLOH kang bakal ngangkat drajate...
senajan asor toto dhohire...
ana nging mulyo maqom drajate2.....

lamon palastro ing pungkasane...
ora kesasar roh lan suk mane...
den gadang ALLOH surgo manggone
utuh mayite ugo ulese2.....

1 komentar untuk "LIRIK SYI`IR TANPO WATON ,KYAI ABDURRAHMAN WAHID"